DHE-GURU

Bahasa Indonesia & Sastra SMA

LIRIK LAGU RAP JAWA

Esuk-esuk isih ngantuk
Mangkat sekolah rasane wegah
Mending merem mancal kemul
tangan sedeku cekelan dengkul

Simbok mara ngomak-ngamuk
ngawa ciduk thutuke bathuk
“tangi pora re, tangi pora re!” (bersama-sama)

Nyegat bis karo kanca-kanca
wis setengah jam ora teka-teka
ngeteni suwi marakake emosi
wedi telat kuwi mesthi
bis teka pada mlayu
ora ingat-inget kesandung watu
sing pada nyawang mung ngguya-ngguyu

(speed)
tekan sekolah wis pada telat
pintu gerbang tertutup rapat
Guru-guru padha mencereng
tangan malangkrik kiwa tengen
Bocah-bocah didawuhi baris
Olehe dukani ora uwis-uwis

“Ngapa kowe kok telat?”
“Rabeke ra wis, Rabeke ra wis!” (bersama-sama)

Mlebu kelas nggarap tugas
nyilih bukune kancane, disalin rame-rame
bener salah ora masalah
sing penting tugas selesai sudah

Bu guru mlebu
sirahku ngelu
pamit metu
“pipis bu!”

Bel muni langsung minggat
mlebu kantin bakwan disikat
tambah jajan warna papat
ngombene susu rasa coklat
bayare mbesok yen wis tamat
“alias ngebon, alias ngebon” (bersama-sama)

Saiki Ujian wis rampung
Nanging pikiran malah bingung
Arep kuliah ora duwe duwit
Arep kerja modal mung sandal jepit
Paling penak langsung nikah
Sayange sing ditari malah wegah

pernah ditampilkan dalam acara perpisahan SMA N 1 Wirosari oleh teater Sepatu

8 Feb 2014 - Posted by | HIBURAN, PUISI |

Belum ada komentar.

Tinggalkan komentar